Senin, 21 Maret 2016

BAB 25 ALBASOR.

       GURU TORIQOH SATORIYAH IKU ALBASOR.
       BASORUL ILAHI IKU MANGGON   IKU PERKORO KANG ANGAWERUHI ,,,,,  LAN WERUHE IKU PODO UGO MARING WERUHE AWAKE DEWE LAN WERUHE MARING ALAM .
      MOKO KABEH KANG DIWERUHI  KEDUWE SIFAT ILAHI KANG NYOTO BAGINE  ,,,,   LAN KENYATAANE ILAHI IKU MARING SEKABEHANE KANG DAIM .
       MOKO ILMU KANG NYOTO IKU  KLAWAN IBARATE  MUNCULE SIFAT ILAHI  MANGGON ING SUHUD  LAN IKU PERKORO KANG WES LAZIM .
        MOKO NYAWANG KANG DIWERUHI  SAKING ILAHI  KRONO DZATE    ,,,,,    LAN PENYAWANGE  IKU ILMU ILAHI KANG DIAGUNGAKE  .
        MOKO KARONE IKU KEDUWE ALLOH KANG NYIPATI KARONE  ING IKI LAN LIYANE ,,,  YO IKI  KRONO ORA NINGALI ING WONG SIJI NANGING KABEH / NGALAM .

      NGERTIO NULUNGI ALLOH MARING SIRO   SATEMENE PENINGALE ALHAQ  IKU IBARAT SAKING DZATE KLAWAN PENYAWANGE MARING MAKLUMAT ,   MOKO ILMUNE IKU DI IBARATAKE SAKING DZATE  KANG DADI KAWITANE ILMU .  SEBAB KLAWAN DZATE IKU DADI WERUH  LAN KLAWAN DZATE IKU NINGALI  LAN ORA KENO DI ETUNG DZATE ALHAQ  . MOKO PANGGONAN ILMUNE  IKU MANGGONE KENYATAANE  MOKO IYO KARONE IKU SIFAT LORO , MAKLUMAT LAN ILMU .  LAN SENAJAN ANANE LORO IKU INGATASE HAQIQOTE SAIK / BARANG SEWIJI  )  KANG IJEN . MOKO RA ONO MUROD KLAWAN  PENINGALE ALLOH  ANGING ANANE IKU TAJALI  ILMUNE ALLOH   ING IKI PENYAWANGAN SAK NYATANE  ,,  LAN RA ONO MUROD KLAWAN ILMUNE KEJOBO  MANGERTI KLAWAN NINGALINE INGDALEM ALAM KASUNYATAN  ,  MOKO IKU WERUH ING DZATE KLAWAN DZATE DEWE  , LAN WERUH  MAHLUKE UGO KLAWAN DZATE  ,  MOKO WERUH ALLOH  MARING DZATE KANG NYOTO PENYAWANGANE ING MAHLUKE  , KRONO SETUHUNE ALBASOR ( PENINGAL ) IKU SIFAT KANG SIJI .  LAN RA PISAH  KEJOBO ING PANDANGANE .   MOKO ALLOH ORA LEREN LEREN ANGGONE NYAWANG  ASYAK ( BARANG KABEH )    LAN TAPI ORA NYAWANG ING SAIK ( BARANG SIJI )     KEJOBO NALIKO NGERSAAKE  NAH  IKU NUKTATUN SARIFATUN  ( NUKTAH KANG MULYO )   MOKO PAHAMONO NUKTAH IKU .  MOKO ASYAK IKU  TANPO ALING2  SAKING ALLOH SELAWASE  .  TAPI ORA TUMIBO PENINGALE  ING SAIK  KEJOBO NALIKO DI KERSAAKE   .    LAN ING DALEM PADANE   SAKING DAWUHE JENG NABI SAW.   :  ....  UTAWI SETUHUNE  KEDUWE ALLOH  KOYO IKI LAN KOYO IKI  NINGALI MARING ATI  INGDALEM SABEN DINO .    UTAWI MAKNONE IKU MARING DAWUHE ALLOH  :   ...

   ولا ينظر اليهم  ولا يكلمهم

LAN ORA NINGALI MARING MAHLUK LAN ORA NGOMONG MARING MAHLUK . RA ONO , SAKING IKI PEPADAN .   BALIK  NINGALI NENGKENE IBARAT  ROHMAT ILAHIYAH .  KANG MELASI MARING WONG KANG MAREK MRING ALLOH ,  BEDO KLAWAN NINGALI  ALLOH .ARING ATI  .   MOKO PERKORO  KANG DIRIWAYATAKE IKU RA ONO PERKORO KANG KHUSUS  KLAWAN SIFAT NINGALI WONG SIJI  .  BALIK LUMAKU ING LIANE SAKING SIFAT  .   COBA WERUHO ING DAWUHE  ALLOH   :   ....
     ولنبلونكم حتّى نعلم المجاهدين  منكم  ...

    LAN NYOBA INGSUN ING SIRO KABEH  HINGGO NGERTI ISUN  KANG  MEMPENG SAKING SIRO KABEH .     MOKO OJO NYONO SIRO  SETUHUNE ALLOH IKU BODONI MRING WONG KABEH  SAKDURUNGE ONO COBAAN  ... MOHO  LUHUR ALLOH ..    LAN KOYO IKI ANGGONE NINGALI MARING  ATI .   MOKO IKU ORA SEPI  ING    ATI     SAKING PENINGALE ALLOH  SABEN DINONE   .   TAPI SANGISORE IKU ONO RAHASIA KANG RA MUNGKIN KABUKAK  KLAWAN TANPO PEPADAN  .. MOKO SOPO WONGE KANG WERUH MOKO NGLAZIMNO  LAN SOPO WONGE KANG ISIH BUDAL MARING TAKWIL  ,  MOKO IKU ORA KENO ORA TERMASUK ING DALEM  WERNONE WONG KANG ISEH KOSONG  ....  LAN NGERTIO  SETUHUNE PENINGAL KANG ONO MENUSO IKU ... NGERTI MARING BONGSO PANINGAL  KANG ANINGALI ,  SAKING SEPOTONG DAGING  MOTO  KANG NINGALI MARING ASYAK . MOKO IKU NALIKO NINGALI ASYAK  SAKING PANGGONANE NINGALI IKU  ATI   ,  ORA SAKING SEPOTONG DAGING MOTO  MOKO ANANE  NINGALI IKU  DEN JENENGKE BASIROH ,  MOKO IKU KLAWAN NYATANE   LAN NISBATE MARANG ALLOH  ,  BASOROHUL QODIM  (  PENINGALE ALLOH  KANG  QODIM )    LAN NALIKO KABUKA SIRO  SAKING SIRI IKI  MOKO ORA BUKAK SIRI KEJOBO ALLOH   ,,,  MOKO WERUH SIRO ING HAQIQOTE  ASYAK  ,,  LAN ORA NGALINGI  BABAR PISAN  SAKING PENINGAL IRO OPO SAIK  ,, PAHAM ...  IKI SIRI KANG GUMUNAKE  KANG PARING ISAROH ISUN MARING SIRO KLAWAN SIRI  INGDALEM  IKI KALIMAT  .. LAN ILANG SAKING NGARASE  MAKNONE KALIMAT KANG NGLEMBREH AKE TUTUP .   LAN AMBALIK AKE PERKORO IRO MARANG ALLOH   ,,,

وَكُنْ اَنْتَ بِلَا اَنْتَ وَلَا اَنْتَ بَلْ يَكُوْنَ اللّٰهَ هُوَ الْمُدَبِّرْ لَكَ كَيْفَمَا شَاءُ

   LAN ONOHO SIRO KLAWAN DUDU SIRO LAN OJO SIRO  BALIK KANG ONO ALLOH  IKU KANG NGATUR MARANG SIRO  KEPRIYE OLEHE NGERSAK AKE .   ARTINE  KOYO DENE TUMIBANE PIRO2 SIFATE ALLOH  LAN PIRO2  ASMANE  .   MOKO IKU BUWANGEN  KALAWAN IKI KULIT  KANG NUTUPI  DAGING KANG ENAK  ..  LAN YO MAHAMONO  ING HAQIQOTE .

وَجَّهْتُ وَجْهِيَ لِلّذينَ فَطَرَ السَّمَواتِ

وَالْاَرْضَ حَنِيْفًا وَمَا اَنَا مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ

  NGADEPAKE ISUN ING WAJAH ISUN  MARANG DZAT KANG AGAWE LANGIT LAN BUMI  KANG LURUS  LAN ORA ONO ISUN IKU   SAKING  WONG KANG PODO MUSRIK KABEH ....

الحمد لله رب العالمين ...الله اكبر ولله الحمد وخلق النبي الامي بن عبد الله حبيبالله وسيد المرسلين وصلى الله على محمد وسلم  وبالصلا ة انكشفت بحور علوم الله سبحانه وتعالى وبحور علوم محمد صلى الله عليه وسلم وبحور علوم ابو بكر صديق وعمر بن خطاب  و عثمان بن عفان و على بن ابى طالب و جبريل وميكئيل واسرفيل وعزرائيل برحمة الله الحمد لله رب العالمين .....

       SYEH HABIB DARMA ALIDRUS  BERPESAN  " PANDANGLAH ALLOH JANGAN SELAINNYA ".  ITU TEMPAT KEBERUNTUNGAN YANG TIADA HABISNYA..

      HABIB DARMA ALIDRUS .DI KECIK . KELING .KEPUNG. KABUPATEN KEDIRI .JAWA TIMUR .INDONESIA.
NO.HP .:  0821 41 959 909 .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar